Kamis, 01 Maret 2012

Tedhak Siten


Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani mudhun lemah.
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak utawa idhak lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).

Urutan prosesi
§  Tedhak sega pitung warna
§  Mudhun tangga tebu
§  Ceker-ceker
§  Kurungan
§  Sebar udik-udik
§  Siraman

Tedhak Siten

Tedhak tegese mudhun utawa ngidhakake sikil. Siten yaiku lemah utawa pertiwi. Dadi tedhak siten yaiku ngidhakake sikil ing lemah/pertiwi. Tedhak Siten ngambarake  kasiapan bocah cilik kanggo nglakokake kauripan ingkang bener ing mangsa ngarep.
Upacara tedhak siten inggih nduweni teges cedakke manungsa kaliyan bumi pertiwi.
Awit nglakokake kauripan ingkang apik lan becik ing bumi punika lan tetep ngruwat lan njaga bumi, Ndadekake kauripan ing donya krasa tentrem lan nyenengaken. Punika kangge ngelingaken menawi bumi sampun maringaken kathah barang ingkang dipunbutuhaken kangge urip manungsa. Tanpa wonten bumi, angel dibayangaken kauripan manungsa saiki.
Manungsa wajib ngucap syukur marang Gusthi amarga sampun dipunparingi urip ingkang kacukupan inggih menika kanthi cara nglakokake tindakan ingkang apik marang sapadhane ingkang sampun dipuntitahaken Gusthi kangge manungsa.
Liyane lemah , banyu , bayu lan agni mboten saged dipun pisahaken saking urip manungsa , mula saka iku , kitha sedaya kudu tetep njaga banyu , bayu lan agni.

Kapan tedhak siten dipunadakaken ?
Ing wanci cah cilik ingkang umuripun 7 selapan utawa 245 dinten. Selapan yaiku kombinasi 7dinten ing kalender internasional lan 5dinten ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dinten pisan. Biasane ing dinten Selasa Legi , Selasa Paing , lst.
Biasane tedhak siten dipunadakaken ing esuk dinten  ing latar ngarep omah. Tamunipun yaiku wong tuwane bocah , mbahipun bocah sarta pinisepuh , lan para sederek.
Tedhak Siten dipun kei kaliyan sesajen , inggih menika kembang , lan liya liyane ingkang ditata apik lan rapi.
Sesajen menika yaiku wujud donga marang Gusthi supaya upacara saged mlaku lancar. Lan saged weneh rahmat saking Gusthi.
Ingkang dipun siapaken kangge upacara punika :
-Bangsawan : sega kuning , banyu , kembang setaman , jadah pitung warna , roti singkong , jenang baro-baro , sega gudangan , jenang abang lan putih.
-Golongan rakyat biasa : sega tumpeng gudangan , jenang abang putih , jenang baro baro lan jajan pasar
Tata Cara Upacara Tedhak Siten
1. Ingkang kapisan : Bocah dituntun mlaku maju lan ngidhak jenang 7 werna ingkang kagawe saking ketan. Werna wernane yaiku : abang , putih , oranye , kuning , ijo , biru lan ungu .
Punika perlambang , bocah saged ngliwati tantangan ing uripipun. Lan saged urip kacukupan.
2. Ingkang kaping pindho : Bocah dituntun munggah andha ingkang kagawe saking wit tebu Arjuna lajeng mudhun maneh . Tebu saking ukara “antebing kalbu” inggih tegesipun yaiku tekad ati ingkang mantep.

Tebu Arjuna
nglambangaken
supados bocah saged lelakon kaya Arjuna , ingkang nduweni wataj satria lan nduweni tanggung jawab. Lelakonipun apik lan seneng tetulung , mbela kabeneran , lan bakti kaliyan Negara.
3. Ketiga yaiku bocah dituntun kangge mlaku ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir , ingkang nduweni tegese nggolek pangan. Karepe bocah saged nyukupi kaperluanne dhewe menawi sampun gedhe.
4. Ingkang kaping sekawan : bocah dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang digawe apik lan ing njerone wonten akeh bandha-bandha kaya buku , hp , lst. Menawa bocah njipuk buku , bocah kuwi mbok menawa arep dadi ilmuwan , menawa hp , bocah kuwi mbok menawa arep dadi tehnisi.
Kurungan nglambangaken donya , dadi dikarepke bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe saged kacukupan awit saking pakaryane ingkang sampun dipilih saking cilik.

5. Ingkang kaping lima : Bapak lan Simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika dewasa saged dadi bocah ingkang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung , dheweke gampang nggolek rejeki.

6. Ingkang kaping enem yaiku bocah wau diadusi ngangge banyu sritaman ingkang sampun dicampur kembang-kembang (melathi , mawar , kenanga lan kanthil)
7. Kapitu : Ing pungkasan upacara , bocah didandani ngangem klambi resik lan apik . Karepe supados si bocah nduweni dalan urip ingkang apik lan saged agawe seneng kaluwargane.
Punika karepe ing uripipun , bocah punika saged arum jenenge lan saged ngarumaken jeneng kaluwargane.
Sawise tedhak siten rampung , kaluwarga seneng lan ngarep-arep Gusthi menehi rahmatipun supados tujuan upacara saged kadadean . Lan bibar punika , para tamu saged ndhahar panganan ingkang wonten.

1 komentar: